Sejarah Desa Ngawi – Asal Usul Desa Talang Ngawi Mbah kerto wijoyo nek kulo ngaturi mbah ning, nek mestine ora mbah, nek jaman semono jik timur, pak opo ki opo nopo, mestine ijek timur. Namine Kerto Wijoyo mergo niku prajurit soko sukowati, kerto niku tegese tentrem, wijoyo niku digdoyo, dadi niku gandeng wonten mriko perkarane nopo teng sukowati kulo nggih mboten ngerti, wong jarene ngakune prajurit, badhe suwito golek gawean teng mbah surodrono demang ngrayudan sing mpun kepinten niku. Jaman sementen demange mpun dangu kok, lha niku nek kowe nyambut gawe neng kene, tak tompo ning gaweanmu kowe jogoo gerbang masuke wong-wong sing arep sejolo ning lor kono,. Lor kono niku ngisor kono, dereng enten ukoro talang, ning ngisor kono ae, neng lor kono, ngoten thok… dereng enten ukoro talang. sareng ngoten digladi saestu, gawe opo-opo teng mriko nopo-nopo diparingke, gampangane yo diuji digladi lah. kowe nyekelo maling, nyekel iki, nyekel iki, nyatane saget ngrampungi lan berhasil kanti apik, lan bareng ketok gaweane apik, lan terus dihadiahi, yowes nek kowe apik,matur nuwun ya, aku wes mbok talangi, urong nganti tekan kene kok wes rampung, wes ayem wes tentrem ora ono opo-opo, mulane kowe tak hadiahi, tak hadiahi.. yo deso eneng lor kuwi, kowe ngadeko bekel neng kono, bekel niku lurah nek coro sakniki, ngadeke bekel ning deso lor kuwi, aa bekel kuwi tak jenengke Deso Talang.

Tag : #radiobahanafmngawi,#sejarahdesa,#sejarahdesapandansari,#mas ony anwar,podcast,review buku,review,indonesia,psikologi,agama,sosial,politik,hukum,sosiologi,filsafat,sejarah,tv one,cnn indonesia,metro tv,trans7,kompas tv,kompas,republika,kompasiana,revolusi industri 4.0,pendidikan,perubahan sosial,pembangunan,teori sosial,jurnal,artikel,makalah,tesis,skripsi,opini,podcasting #sejarahdesa,#sejarahdesatalangjogorogo

Cek di Sini : Desa Talang

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini